Cerita baru nih. Yuk, simak baik-baik ceritanya. Selamat Membaca...
“Aku Sebel mbi Kowe!!”
Esuk iku, aku mlaku bareng karo Putri. Sakdawane
dalan awake dhewe jagongan babagan tugas.
“Ris, penake kapan iki arepe garap tugas? Ben gek rampung ngono lo karepku”.
“Mengko sore yo tak nyang kosanmu Put,”
“Oke, nek ngunu lak genah. Marai ngerti dhewe to dosene.. hemmm ora
umum galake” Putri kumat ngumenge.
“Ha.. haa..ha.., ora lo apikan kok” jawabku karo
ngguyu kekel.
“Iyo.. apik nek karo kowe. Kepiye meneh wong kowe ke
pinter tur kesayangane
gek?” jawabe Putri karo mlengos, sajak ora meneri yen aku ngomong ngono maeng.
“Ora loo..” aku ijik tetep kudu ngguyu. Sakike Putri sepaneng amarga jagongan dosen galak kimaeng,
ujuk-ujuk…..
“Bruuukkk” Putri tiba sak
buku-bukune amarga ditubruk bocah sing liwat. Sakjane aku reti noke arep
dakandani uwes kadung ditubruk
“Hyuhhhhh, kepiye to sampeyan iki?? Mbok ya nek
mlaku ke ndelok-ndelok to aja asal nubruk! Ke loo bukuku niba kabehh..” Putri ngumeng karo mbesengut. Aku enggal ngewangi Putri.
“ Yo maaf Put, aku ora
ngerti. Aku maeng ke buru-buru. Kowe maeng sih yo ora ndelok-ndelok.” Jawabe
Ardi kanca beda jurusan, ananging uwes nate kenalan.
“Lho, kok malah nyalahne aku, aku kan ora ngerti,
kowe nek buru-buru yo ora ngerti situasi to mas?”
Putri samsaya ndadi ale ngumeng. Najan bocahe ngeyel tur
cerewet.
“Uwes Put, mung ngono we kan pada-pada ora ngertine. Ardi yo uwes minta
maaf aja nesu-nesu enek kene Put. Aku isin nek
pada weruh mengko”.
“Yo wes ayo ngalih!” jawabe Putru karo mlengos.
“Maaf yo Di, Putri ora sengaja”
“ Iyoo Ris, ora opo-opo lo” jawabe
Ardi.
Nganti tekan kelas Putri isih ngumeng gara-gara ditubruk Ardi maeng. Hemm..,
kadang-kadang nyebelke arek iki nek lagi ngumeng. Aku kur trima meneng wes
ngerti wateke we.. sing waras wajibe ngalah, batinku.
Dina iki dina Kemis. Wayahe aku lan kanca-kanca
kabeh ngumpulne KTI. Hemm.. ananging Putri isih gembyeng amarga mang bengi dekne kelalen ora njilidne karya tulise. Isuk-isuk dekne uwes marani aku ngajak nyang fotokopian arepe
njilid karya ilmiah kui mau.
“Rismaa…. Ayo gek nyang fotokopian baturana aku!”
“Hyungalahh.. iyo iyo sik, esuk-esuk uwes mrene
bengak bengok kaya wong arep nagih utang wae kowe ke” sauranku karo ngumeng.
“Uwes ora usah
protes gek ayo!” prentahe uwes ngalah-ngalahne komendan.
“Nggih ndoro sekedap,,” jawabku karo gedheg-gedheg.
Bareng tekan ndalan…
“Put, yahmene apa wes ana fotokopian sing bukak? Delengen to saiki jam pira?”
Putri enggal-enggal nonton jame.
“Hmakkkk! Lagek jam setengah 7?? dekne njumbul.
“Biasa wae keleessss…” jawabku.
“Yo durung bukak
Ris nek yahmene. Gek kepiye Ris?? Mangkakno kingko jam 5-6 wes kudu dikumpulke
nyang dosen galakk kae??? kepiye Riss jale ewangana mikir!” takone Putri wess
kiwit gembyeng.
“Engko sik to tak mikir”.
“Ahaaa,,, aku nduwe ide. Uwes ngene we mengko lak
bar jam ke 2 enek ngaso, lha ayo ijin metu njilidke iki, kepiye? Mathuk?”
“Iyo wes karepmu aku melu sing penting baturana,”
“Oke ndoro,”
Akhire Putri sepakat lan adewe banjur neruske laku.
Jam 9, aku karo Putri age-age metu saperlu ngeprinke
KTI kui mau. Ananging sakik panike, Putri ora
ngengetne dalan, akhire……
“Brrruuukkkkkkkkkk!!!!!!!” bubar buyar kabeh
lembaran karya tulise Putriii. Geneo???
“Hmmakkkk karya tuliskuu???????” Putri saya panik,
akhire dekne ngengetne wong sing
nubruk dekne ternyata….???
“Kowe meneh? Jane ke kowe nek mlaku ke opo ora
ngetne dalan to?” Putri
mbledak-mbledak meneh.
“Yo maaf Put, aku ora sengaja tenan Put.” Jawabe
Ardi ngrumangsani.
“Maaf-maaf!
Opo remangsamu maaf bisa ndandani karya tulisku??
Ke coba delengen, bubrah kabeh, mangkakno kingko arep dikumpulake!” Putri saya
ndadi karo nduding-nduding kertase sing wes bubar buyar.
“Uwes Put, gek ayo
dibenerne wae ora sah nesu-nesu.” Jawabku karo ngluroni kertase Putri.
“Pokoke aku njaluk pangapuramu. Kene tak ewangi ben
gek rampung”. Ardi ngewangi njupuki kertase.
“Ora usah!!! Aku bisa dhewe!! Aku sebel mbi kowe!!!! Sebel tenan!” Putri malah
nyentak-nyentak. Ardi karo aku mung domblong.
“Ayo Ris, dibenerke nek kelas wae” jawabe Putri kro
age-age nglumpukne kertase.
“Iyo Put”.
Dina iki, Putri katon bener bener pegel karo Ardi.
Daksawang-sawang dee mrengut wae. Embuh kui mikir KTIne opo mikir Ardi aku yo
ora weruh.
Tumuju ing
sawijining dina, aku karo Putri arepe mulih menyang Pacitan. Dina kui aku
boncengan karo Putri nganggo pite dekne.
Sakjam mlaku situasi aman terkendali. Ananging, ujuk-ujuk pite Putri
malih dadi ora penak, saya suwe saya abot tur oleng, akhire awake dhewe mandeg.
“Geneo Put tek
ora penak?” pitakonanku.
“Walaahhhhh
nasib tenan Ris, adhewe kebanan!!!” saurane Putri nggarai aku njumbul.
“Heeee????? Ya
ampun lha gek kepiye?? Iki daerahe alas-alas tur adoh omah no Put? Arep telfon masku, masku
ora nek ngomah?” aku mulai bingung.
“Iyo Ris nek kon
mapak mesti suwe iki engko, kepiye yo??”
Nalika aku karo
Putri bingung, Gusti Allah paring pitulungan. Ujuk-ujuk ana sing liwat terus
mandheg nek ngarepku.
“Ana apa Ris?
Kok mandheg ana kene?” pitakone karo aku, dak sawang Putri mlengos amarga
kepethuk wong sing disebeli.
“Iki lo bane
Putri bocor Di, gek iki adhewe bingung kepiye? Nek kene kan alas-alas adoh omah
pisan. Adhewe ora reti ngendi sing bisa nambal ban”
“Ohhhalahh….,
tenang wae Ris, tanggaku enek kok sing bisa nambal ban. Kebetulan ora patio
adoh seko kene, paling satus meter engkas nanging rada mlebu. Kepiye gelem opo
ora?”
“Tanggamu?? Lha
omahmu opo daerah kene Di?” pitakonku.
“Iyo Ris, “
“Tenan ora iki?”
pitakone Putri sajak isih gela.
“Tenan, aku ora
arep ngapusi kok. Nek gelem sepedhahmu daktuntune. Koe karo Risma gawaen
sepedhahku” jawabe Ardi marai lega atiku.
“Iyo Di, aku gelem
matur suwun yo, malah ngrepoti”
“Sik… sik…sik..”
Putri malah nyela-nyela.
“Opo neh?”
jawabku setengah jengkel.
“Kowe kui lo Di,
tek ijik gelem nulung aku, padahal uwes reti nek aku sebel karo kowe, aku yo
uwes nesu-nesu nyang kowe, kowe tek apik men karo aku?” pitakone Putri.
“Put…Put kowe
kui lo mbok yo aja kaya ngono to” aku melu nyela.
“Put, aku ikhlas
nulung sopo wae lan ora enek niat
opo-opo. Masalah sing wingi kae uwes tak lalekne. Aku ngerti aku sing salah,
aku minta maaf yo. Anggepen wae iki permintaan maafku” jawabe Ardi.
“Ke Put, kepiye?
Isih enk sing kurang cetha?” pitakonku saya jengkel.
“Yo wes ayo…” jawabe
Putri. Teko ekspresine, sajake dekne rumangsa isin wes megeli Ardi.
Ora enek sakjam,
bane Putri uwes kenek didandani. Aku karo Putri matur nuwun marang Ardi. Nek
ora nek Ardi embuh kimau kepiye dadine.
Saka pengalaman
iki, aku bisa ndudut hikmahe. Yaiku, sejatine urip kui ora ajeg. Bisa wae wong
sing marai gela awake dhewe sawijining dina nulung awake dhewe. Mula kui yen
sengit, sebel, utawa pegel karo wong samadya wae. Ehh, sopo reti sokmben awake
dhewe butuh bantuane. Iyo gak???
Panganggit: Risma Wigati