Berkate
Durung Teka
Dening: Risma Wigati
Ricih-ricih
swarane banyu udan tumetes saka talang. Bola-bali tak tiliki, kira-kira gek
teka opo ora. Krungu-krungu kabar, Pak Dul bengi iki syukuran amarga anake
ketampa PNS. Mesti sing padha kondangan entuk berkat. Ha..ha..ha..
Jam
9 wes punjul sprapat. Tanggaku kayane wes mulih. Tapi.., kok ora ana sing
toktok lawangku. Kesuwen lehku nunggu nganti krasa ngantuk-ngantuk.
Kelingan
jaman semana...,
Sore-sore..,
aku penak-penak nyapu emper. Resake pating kledhang, amarga godhong trembesi kulon
omah garing kabeh. Nanging ana lempitan kertas putih nek ngisor lawang. Apa kui?
Batinku. Banjur tak jupuk, ehh jebule atur-atur syukuran. Bungah atiku, nek
ngene ki mesti Bapak mengko bengi kondangan. Wkwkkwkw...., age-age atur-atur kui takcaoske Bapak.
Aku
karo mbakku, pancen seneng banget yen Bapak kondangan amarga bakale entuk
berkat. Embuh nyapa, nunggu berkat teka saka kondangan kui rasane marem banget.
Wkwkwkwk....., masio berkate jane biasa-biasa wae. Ha..ha..ha..,
“Mbak,
aja turu dhisik, kondangan ke bare jam 9 luwih lho...”
“Iyo..iyo
dekk, tenang wae...” jawabe Mbakku karo ngguya-ngguyu.
Jam
9 punjul seprapat., aku karo mbakku ws siap-siap mbok menawa Bapak teka.
“Des..
Ris.. Bapak teka iki lho...” swarane Bapak...
“Iyo
pak...,” aku karo mbakku banjur gembrudug age-age mbukakne lawang..
Bar
bukak lawang...
“Berkate..berkate
Pak...,” aku wes ora sabar..
“Iki
lho...” jawabe Bapak karo maringne tas berkat menyang aku.
Aku
karo mbak banjur mlayu nyang ngarep tv, biasane nek enek berkat ngunu kui, didudohne
Mamak disik, sakdurunge dimaem bareng-bareng. Wkwkwk..,
Pancen
nyenengne..., ora masalah berkate.. ora masalah maemane.., tapi marem wae yen
nunggu berkat kondangane Bapak.., wkwkwkw...
.............,
“Thuk..kethuk..,
nyapo to.. enek ngarep lawang terus? ayo turu, wes jam sepuluh..,” Mamak nyeluki
aku.. marai ambyar nglamunku.. ora kerasa wes jam sepuluh temenan. Lumrahe jam
semene Bapak-bapak kondangan wes padha kondur.., tapi.. awit mau...????
Tingak-tinguk tak sawang njaba, nanging ora ono sopo-sopo. Apa mula, berkate durung teka..???
Tumetes
eluhku.., sejatine ora mung berkat sing tak tunggu, nanging ..., Bapak....
Bersambung.....,,,